Jaka Tarub
Ing salah sawijining desa, ana
pemudha kang gagah prakosa.
Pemudha iku jenenge Jaka Tarub. Nalika Jaka Tarub lunga menyang kebon, Jaka Tarub krungu swara wong wedok kang padha
gojegan. Jaka Tarub pingin ngerti swara iku asale saka ngendi. Mula saka iku,
Jaka Tarub nggoleki swara iku. Jebule swara mau asale saka kali. Ana wong wedok
kang lagi adus. Sawektu Jaka Tarub tekan
mburi watu gedhe, Jaka tarub nemu selendang wong wedok kang cacahe ana
7. Jaka Tarub njupuk
salah siji selendang wong wedok iku.
Sawise rampung anggone adus, wong
wedok mau padha mentas saka kali lan nganggo selendange dhewe-dhewe. Ana salah
sijine wong wedok kang selendange ilang amarga dijupuk marang Jaka Tarub. Wong
wedok mau padha nggoleki selendange kancane
kang ilang. Amarga wis bengi banget wong wedok enem kui munggah ana ing
langit, nanging ana salah siji wong wedok kang ora bisa munggah ana ing langit.
Wong wedok kuwi ora bisa munggah ana ing langit amarga selendange ilang.
Jaka Tarub ngerti yen wong wedok mau
kuwi widadari. Widadari kang ora bisa munggah mau jenenge Danar Wulan. Amarga ora bisa bali ana ing langit, Danar
Wulan nangis. Banjur Jaka Tarub nyedaki
Danar Wulan lan ngeneng-eneng Danar Wulan. Jaka Tarub menehi selendang kanggo Danar Wulan, nanging dudu selendang
sing dijupuk mau.Banjur Danar Wulan diajak bali menyang omahe Jaka Tarub.
Amarga Jaka Tarub durung duwe bojo,
Danar Wulan dibojo Jaka Tarub. Sawise mbojo, Jaka Tarub lan Danar Wulan duweni
anak lanang siji. Senajan Danar Wulan ora bisa bali ing langit, nanging dheweke
isih tetep duwe kasekten.
Danar Wulan bisa nggawe sego mung nganggo sawiji beras. Jaka Tarub ora ngerti
yen Danar Wulan duwe kasekten.
Sawijining dina,Danar Wulan lunga
menyang pasar. Dheweke pesen marang Jaka Tarub supaya njaga anak lanange lan
ora oleh mbukak katel sing gawe ngliwet. Nanging, Jaka Tarub mblenjani. Jaka
Tarub malah mbukak katel mau. Nalika dibukak, Jaka Tarub kaget amarga katele
isine mung sawiji beras. Amarga saka kuwi, kasektene Danar Wulan ilang.
Danar Wulan ora bisa masak nganggo
kasektiane kang diduweni. Saben dina Danar Wulan masak sega kaya wong biasane.
Saya suwi, berase ing genthong entek.
Sawijining dina, Danar Wulan mbukak
genthong. Danar Wulan kaget amarga ing jero genthong mau kuwi ana selendange
Danar Wulan mbiyen.
Danar Wulan nesu marang Jaka Tarub amarga Jaka Tarub ngumpetake selendange.
Banjur Danar Wulan njupuk
selendange kanggo bali
ing langit. Danar Wulan pesen marang Jaka Tarub supaya njaga anake lan yen
kangen marang Danar Wulan, Jaka Tarub bisa nyawang bulan.
Unsur Intrinsik Cariyos
Rakyat “Jaka Tarub”
1.
Underaning Rembag :
kahuripan
2.
Alur :
alur maju,
amarga pangripta nyritakake crita saka wiwitan tekan pungkasan kanthi runtut.
3. Paraga
lan Watak :
a.)
Jaka
Tarub
-Culika “Ana salah sijine wong wedok kang selendange ilang
amarga dijupuk marang Jaka Tarub”
-Durjana “Jaka Tarub njupuk
salah siji selendang wong wedok iku. Jaka Tarub ngerti yen wong wedok mau
kuwi widadari.”
-Ora
kena dipercaya
“Sawijining dina,Danar Wulan lunga menyang pasar. Dheweke pesen marang Jaka
Tarub supaya njaga anak lanange lan ora oleh mbukak katel sing gawe ngliwet. Nanging,
Jaka Tarub mblenjani. Jaka Tarub malah mbukak katel mau.”
b.)
Danar
Wulan
-Mutungan “Danar Wulan nesu marang Jaka Tarub amarga
Jaka Tarub ngumpetake selendange.”
-Culika “Danar Wulan bisa nggawe sego mung nganggo
sawiji beras. Jaka Tarub ora ngerti yen Danar Wulan duwe kasekten.”
c.) Widodari
-Mentalan “Amarga
wis bengi banget wong wedok enem kui munggah ana
ing langit, nanging ana salah siji wong wedok kang ora bisa munggah ana ing
langit.”
4. Latar :
a. Latar panggonan
Ø Desa
“Ing
salah sawijining desa, ana pemudha kang gagah prakosa.”
Ø Kebon
“Nalika
Jaka Tarub lunga menyang kebon,
Jaka Tarub krungu swara wong wedok kang padha
gojegan.”
Ø Kali
“Jebule
swara mau asale saka kali.”
“Sawise
rampung anggone adus, wong wedok mau padha mentas saka kali lan nganggo
selendange dhewe-dhewe.”
Ø Watu gedhe
“Sawektu
Jaka Tarub tekan mburi watu gedhe”
Ø Langit
“Amarga
wis bengi banget wong wedok enem kui munggah ana ing langit, nanging ana
salah siji wong wedok kang ora bisa munggah ana ing langit. Wong wedok
kuwi ora bisa munggah ana ing langit amarga selendange ilang.”
“Amarga
ora bisa bali ana ing langit, Danar Wulan nangis.”
“Senajan
Danar Wulan ora bisa bali
ing langit, nanging dheweke iso tetep duwe kasekten”
Ø Omahe Jaka Tarub
“Banjur
Danar Wulan diajak bali menyang omahe Jaka Tarub.”
Ø Pasar
“Sawijining
dina,Danar Wulan lunga menyang pasar.”
Ø Genthong
“Saya
suwi, berase ing genthong entek.”
“Danar
Wulan kaget amarga ing jero genthong mau kuwi ana selendange Danar
Wulan biyen.”
b. Latar wektu
·
Sawektu
“Sawektu
Jaka Tarub tekan mburi watu gedhe,”
·
Bengi
“Amarga
wis bengi banget wong wedok enem kui munggah ana ing langit,”
·
Sawijining dina
“Sawijining
dina,Danar Wulan lunga menyang pasar.”
“Sawijining
dina, Danar Wulan mbukak genthong.”
·
Saben dina
“Saben
dina Danar Wulan masak sega kaya wong
biasane.”
c. Latar kahanan
§ Sumelang
“Sawise
rampung anggone adus, wong wedok mau padha mentas saka kali lan nganggo
selendange dhewe-dhewe. Ana salah sijine wong wedok kang selendange ilang
amarga dijupuk marang Jaka Tarub. Wong wedok mau padha nggoleki selendange
kancane kang ilang.”
§ Sedhih
“Amarga
ora bisa balik ana ing langit, Danar Wulan nangis. Banjur Jaka Tarub nyedaki Danar Wulan lan
ngeneng-eneng Danar Wulan.”
“Danar
Wulan ora bisa masak nganggo kasektiane kang diduweni. Saben dina Danar Wulan
masak sega kaya wong biasane. Saya suwi, berase ing genthong entek.”
§ Seneng
“Amarga
Jaka Tarub durung duwe bojo, Danar Wulan dibojo Jaka Tarub. Sawise mbojo, Jaka
Tarub lan Danar Wulan duweni anak lanang siji.”
§ Murka
“Sawijining
dina, Danar Wulan mbukak genthong. Danar Wulan kaget amarga ing jero genthong
mau kuwi ana selendange Danar Wulan biyen. Danar Wulan nesu marang Jaka Tarub
amarga Jaka Tarub ngumpetake selendange. Banjur Danar Wulan jupuk selendange
kanggo balek ing langit. Danar Wulan pesen marang Jaka Tarub supaya jaga anake
lan yen kangen marang Danar Wulan, Jaka Tarub bisa nyawang bulan.”
5. Pamawas
Pangripta (sudut pandang) :wong kaping 3,amarga
pangripta nggunakake jeneng paraga/lakon wong liya.
6. Pitutur :
·
Aja njupuk barang kang dudu duweke, amarga bisa ngrugike awake dewe. Uga
bisa ndadekake wong liya kang kelangan iku dadi nelangsa.
·
Aja mblenjani janji amarga bisa ndadekake awake dhewe cilaka.
·
Aja ngopeni barang kang dudu duweke, amarga wong kang duwe barang kuwi
bisa dadi sumelang.